Materi Iklan Basa Jawa
Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan, wong ngantibingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan nyatane suwalike malah nekek gulu.
Ing jaman sarwa modern iki, iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kango masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni, iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha lan menthes. Ora ngambra-ngambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.
A. Ngrembug teks iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro, yaiku iklan lisan lan tulisan. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis.
Dene unsur-unsure iklan antarane yaiku:
Bahasa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
Tuladhane iklan basa jawa:
Mbutuhake buku Budaya Jawa?
Toko Buku hazana
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat jln. Tentara pelajar no 21
Buka jam 8.00-21.00 WIB
Buka sabendino
Buku budaya jawa ya toko hazana
B. Nulis Teks Iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
C. Carane Nulis Iklan
D. Nyuguhake Teks Iklan
Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh, dening pamering, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:

- Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
- Pihak utawa pawongan kang masang,
- Alamate sing masang,
- Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
Bahasa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
- Migunakake slogan
- Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya
- Migunakake subjek wong kapisan.
Tuladhane iklan basa jawa:
Mbutuhake buku Budaya Jawa?
Toko Buku hazana
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat jln. Tentara pelajar no 21
Buka jam 8.00-21.00 WIB
Buka sabendino
Buku budaya jawa ya toko hazana
B. Nulis Teks Iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
- Sing dituju kudu cetha,
- Sing ngirim kudu cetha,
- Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
- Narik kawigaten sing maca,
- Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
- Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
- Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
- Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C. Carane Nulis Iklan
- Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
- Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat)
- Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang saroja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
D. Nyuguhake Teks Iklan
Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh, dening pamering, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
- Paham isine iklan kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
- Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
- Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.

Mantul 👍👍
BalasHapusMaterinya lengkap dengan bahasa yang mudah dipahami 👍
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusSingkat, jelas dan mudah dipahami
BalasHapusSemoga bermanfaat bagi yg membacanya
Riska👍👍👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapus👍👍 good job
BalasHapus👍👍
BalasHapusSelamat ulang tahun
BalasHapusSo satisfying
BalasHapusSelamat ulang tahun
BalasHapusOk saaappp
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus😱😱
BalasHapusSangat bermanfaat..good job
BalasHapusJoss ...... Bisa buat tambah pengetahuan bagi generasi saat ini
BalasHapusBagus , mantap
BalasHapusMantuuul
BalasHapusSiip
BalasHapusBagus dan bermanfaat
BalasHapusBrrmnfaat
BalasHapusBaik good
BalasHapusBagus bermanfaat
BalasHapus