Langsung ke konten utama

Iklan basa jawa

Materi Iklan Basa Jawa
         Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan, wong ngantibingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake  sanggan nyatane suwalike malah nekek gulu.
         Ing jaman sarwa modern iki, iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kango masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni, iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha lan menthes. Ora ngambra-ngambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.

A. Ngrembug teks iklan
          Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro, yaiku iklan lisan lan tulisan. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayata TV lan Radhio.
        Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis.

Dene unsur-unsure iklan antarane yaiku:
  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake, 
  2. Pihak utawa pawongan kang masang,
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.

         Bahasa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
  1. Migunakake slogan
  2. Ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya
  3. Migunakake subjek wong kapisan.

Tuladhane iklan basa jawa:
Mbutuhake buku Budaya Jawa?
Toko Buku hazana
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat jln. Tentara pelajar no 21
Buka jam 8.00-21.00 WIB
Buka sabendino
Buku budaya jawa ya toko hazana
B. Nulis Teks Iklan
          Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Sing dituju kudu cetha,
  2. Sing ngirim kudu cetha,
  3. Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  4. Narik kawigaten sing maca,
  5. Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
  6. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  7. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  8. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. Carane Nulis Iklan
  1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
  2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat)
  3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang saroja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake Teks Iklan
          Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh, dening pamering, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Paham isine iklan kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
  2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA 

Komentar

  1. Materinya lengkap dengan bahasa yang mudah dipahami 👍

    BalasHapus
  2. Singkat, jelas dan mudah dipahami
    Semoga bermanfaat bagi yg membacanya

    BalasHapus
  3. Joss ...... Bisa buat tambah pengetahuan bagi generasi saat ini

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Crita Rakyat

Crita rakyat        Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, abisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate A. Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan: Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu. Amanat, yaiku pesen kang...

GEGURITAN

GEGURITAN       iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.     Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Tula...