Langsung ke konten utama

Materi Crita Rakyat

Crita rakyat 
      Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, abisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate

A. Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan:

  1. Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
  2. Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
  3. Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
  4. Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
  5. Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.
  6. Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.
B. Titikane crita rakyat
  1.  Panyebarane kanthi lesan,
  2. Duweni sifat tradhisional,
  3. Sugih carkik lan variasi,
  4. Jeneng pangriptane ora konangan,
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.


C. Mupangate crita rakyat

  1. Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
  2. Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  3. Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  5. Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

D. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :

  1. Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
  2. Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
  3. Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA 

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Iklan basa jawa

Materi Iklan Basa Jawa          Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan, wong ngantibingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake  sanggan nyatane suwalike malah nekek gulu.          Ing jaman sarwa modern iki, iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kango masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni, iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha lan menthes. Ora ngambra-ngambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krung...

GEGURITAN

GEGURITAN       iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.     Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Tula...