Crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, abisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakateA. Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan:
- Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
- Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
- Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
- Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
- Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.
- Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.
- Panyebarane kanthi lesan,
- Duweni sifat tradhisional,
- Sugih carkik lan variasi,
- Jeneng pangriptane ora konangan,
- Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
C. Mupangate crita rakyat
- Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
- Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
- Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
- Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
D. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :
- Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
- Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
- Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

Bahasa jawanya mudah dipahami, gampang buat belajar π
BalasHapusSingkat, jelas, dan mudah dipahami
BalasHapusBaguss
Bagus
BalasHapusSippp materi yg disampaikan mudah untuk dipahami
BalasHapusππ
BalasHapusWow, sangat membantu
BalasHapusMantab slur
BalasHapusOk saaappp
BalasHapusπ±π±
BalasHapusππ
BalasHapusGood job..
BalasHapusPengetahuan yang sungguh banyak manfaatnya bagi generasi saat ini
BalasHapusBagus, sangat bermanfaat
BalasHapusBagus
BalasHapusMantaaab
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusSiip
BalasHapusManatul mantap betul
BalasHapus