Langsung ke konten utama

Pranatacara

Materi Pranatacara 
    MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana uoacara pasamuan,tematen,lan salanunggale. Basa sing dienggo pranatacara gamantung kari upacarane.
Pranatacara ,yaiku paraga kang nduwenu jejubahan nglantarake titilaksana ing acara.

A. Maca lan Naggapi Teks Pranatacara

Assalamualaikum wr wb

ingkang kawula hormati, sesepuh pinisepuh, sanak lan ing sanuba ing pakurmatan

ingkang sepindah sumonggo kito aturaken puja lan puji dateng ngarsanipun gusti Allah, ingkang sampun paring kasarasan sahenggo kito sedoyo saget makempal wonten acara tingkeban menika kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

sholawat soho salam mugia kahaturaken dateng junjunganipun nabi agung Muhammad SAW, soho shohabat lan keluarganipun. mugia kito sedoyo angsal syafaatipun wonten ing yaumil akhir.

poro rawuh ingkang kinurmatan, kaulo minangka pranatacara badhe ngaturaken runturaning adicara ingkang badhe kalaksanan wonten dalu menika.
1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3. Siraman
4. Brojolan
5. Medhot janur
6. Gantos busana
7. Mecah siwur
8. Dodolan dhawe
9. Panutup

mekaten adicara ingkang sampun kalampah, mugia dadosaken barokah lan kasarasan utamanipun kangge lare ingkang wonten kandungan.

kaula minangka pranatacara ngaturake sembah nuwun lan agunging pangapunten saking tindak, tanduk, lan pitutur ingkang mboten sekecho wonten manahipun panjenengan. amargi mboten wonten manungsa ingkang saget tebih saking lepat.
akhirukalam 

wassalamualaikum wr wb


B. Mbedhah Kaidah Pranatacara
    Urut-urutane teks pranatacara:
  1. Salam pambuka.
  2. Atur pamuji.
  3. Atur kesugengan,kairing atur panuwun.
  4. Wedgaring gati.
  5. Atur nyuwun pangapura.
  6. Panutup.
  7. Salam panutup.

C. Maca Teks Pranatacara.
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerti,kudu nggatekake babagan ngisor iki.
  1. Pangucaoane kang trep
  2. Pamedhote ukara kang trep
  3. Intonasine,nada,lan tekanan kang trep
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kang cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadi


D. Kawruh Kagunan Basa
Tembung Yogyaswara
Tembung yogyaswara ,yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha,dinggo bebarengan,lan nduweni teges lanang-wadon.
Contone:
  Bathara-bathari
  Kedhana -kedhini
 Hapsara-hapsari

E. Tembung Entar
Entar tegese silihan,yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah tegese kiyas)
Contone:
Gedhe endhase=gumedhe
Kethul pikirane=bodho

F. Rura Basa
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrag. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah,amarga ora ketemu nalar. Rura basa ikang salah, ning wiskabacut lumrah.
Contone:
Godhong wedang
Nguleg sambel

G. Payandra
Pangandra asale saka tembung candra,kang duwe teges wetunan kaanan wewejudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandran iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra menggah kabergasaning badan.
Contone:
Rambute ngombak banyu
Ndirine mucuk eri
 Alise nanggal sapisan

H. Pepindhan
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kakarepan karo kaya,dadi,kadyan,lir,pendah
Contone:
Lakune kaya macan luwe
Rukun kaya mimi lan mintuna
Suwarane kaya bledheg

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

  1. Penjelasannya lengkap, bahkan di buku ku sendiri ngga selengkap ini πŸ˜‚ terima kasih :)

    BalasHapus
  2. Singkat, jelas dan mudah dipahami

    BalasHapus
  3. Semoga tulisan ini bisa menjadi pembelajaran bagi adek adek yg mau jadi pranotocoro kedepanya.

    BalasHapus
  4. Cita-citaku ini dan infonya sangat bermanfaat

    BalasHapus
  5. Semoga tulisan ini bisa sebagai pembelajaran..good job

    BalasHapus
  6. Mantap .... Bisa jadi panduan ..

    BalasHapus
  7. Bagus, sangat jelas, dan mudah dipahami

    BalasHapus
  8. Apik tenan.semoga bermanfaat

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Crita Rakyat

Crita rakyat        Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, abisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate A. Crita rakyar nduwe unsur-unsur pembangunan: Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu. Amanat, yaiku pesen kang...

Iklan basa jawa

Materi Iklan Basa Jawa          Ing jaman kemajuan, wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan, wong ngantibingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake  sanggan nyatane suwalike malah nekek gulu.          Ing jaman sarwa modern iki, iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kango masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni, iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha lan menthes. Ora ngambra-ngambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krung...

GEGURITAN

GEGURITAN       iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.     Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Tula...